12 Terus, ana Èléazar+ anaké Dodo wong Ahohi.+ Èléazar kuwi salah siji wong saka telu prajurité Daud sing hébat. 13 Dhèwèké bareng karo Daud ing Pas-damim,+ panggonané wong Filistin ngumpul kanggo perang. Ing kono, ana ladhang sing kebak barli, lan wong-wong wis padha mlayu merga wong Filistin.