PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Samuèl 23:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Terus, ana Èléazar+ anaké Dodo+ anaké Ahohi. Èléazar kuwi salah siji saka telu prajurit sing hébat sing ngancani Daud pas nantang pasukan Filistin. Wong-wong kuwi ngumpul pas perang. Pas wong Israèl mundur, 10 dhèwèké ora mundur. Dhèwèké matèni wong Filistin nganti lengené kesel lan tangané kaku merga terus nyekel pedhang.+ Mula dina kuwi, Yéhuwah nggawé Israèl menang.*+ Wong Israèl padha bali manèh merga arep njarah barang-barangé mungsuh sing wis mati.

  • 2 Samuèl 23:15-17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Terus Daud ngomong ngéné, ”Nèk aku isa ngombé banyu sing ana ing sumur cedhak gerbang Bètlehèm, aku mesthi bakal seneng banget.” 16 Wektu krungu kuwi, telu prajurit sing hébat mau nrobos perkémahané wong Filistin lan njupuk banyu saka sumur ing cedhak gerbang Bètlehèm, terus banyu kuwi diwènèhké Daud. Ning, Daud ora gelem ngombé banyu kuwi, terus banyu kuwi diesokké dadi korban kanggo Yéhuwah.+ 17 Daud kandha, ”Oh Yéhuwah, aku ora mungkin ngombé banyu kuwi. Wong-wong kuwi wis toh nyawa bèn isa nggawa banyu iki. Nèk aku ngombé banyu kuwi, kuwi kaya ngombé getihé+ wong-wong kuwi.” Daud ora gelem ngombé banyu mau. Kuwi sing ditindakké telu prajurit sing hébat mau.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim