-
1 Babad 11:12-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Terus, ana Èléazar+ anaké Dodo wong Ahohi.+ Èléazar kuwi salah siji wong saka telu prajurité Daud sing hébat. 13 Dhèwèké bareng karo Daud ing Pas-damim,+ panggonané wong Filistin ngumpul kanggo perang. Ing kono, ana ladhang sing kebak barli, lan wong-wong wis padha mlayu merga wong Filistin. 14 Ning, dhèwèké tetep ana ing tengah-tengahé ladhang kuwi bèn ladhang kuwi ora direbut. Dhèwèké nyerang lan matèni wong Filistin. Mula, Yéhuwah nggawé Israèl menang.*+
-