PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 25:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Aku bakal nemoni kowé lan ngomong karo kowé ing ndhuwuré tutup Pethi kuwi.+ Saka tengah-tengahé kerub sing ana ing ndhuwuré Pethi Kesaksian,* Aku bakal ngandhani kowé soal kabèh préntah-Ku sing kudu mbok omongké marang wong Israèl.

  • 1 Samuèl 4:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Mula, wong-wong kuwi ngutus wong menyang Syilo lan nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah pemimpiné pasukan, sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub.+ Anaké lanang Èli, yaiku Hofni lan Pinéhas,+ ya ana ing kono karo pethi perjanjian duwèké Gusti Allah sing bener.

  • 1 Babad 13:6-11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Daud lan kabèh wong Israèl lunga menyang Baala,+ menyang Kiriat-yéarim duwèké Yéhuda merga arep njupuk Pethiné Yéhuwah Gusti Allah sing bener sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub.+ Pethi kuwi disebut nganggo jenengé Gusti Allah. 7 Ning, wong-wong kuwi ndèlèhké Pethiné Gusti Allah sing bener ing grobag anyar+ lan nggawa kuwi saka omahé Abinadab. Sing ngarahké grobag kuwi yaiku Uzza lan Ahio.+ 8 Daud lan kabèh wong Israèl padha semangat banget ngrayakké kuwi ing ngarepé Gusti Allah sing bener nganggo nyanyian, harpa, alat-alat musik liyané sing nganggo senar, rebana,+ simbal,+ lan trompèt.+ 9 Ning, wektu tekan ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* sing jenengé Khidon, Uzza nyekel Pethi kuwi, merga sapi-sapi sing narik grobag kuwi mèh waé nggawé Pethi kuwi tiba. 10 Mula, Yéhuwah dadi nesu banget marang Uzza, lan Gusti Allah matèni Uzza merga dhèwèké nyekel Pethi kuwi,+ mula Uzza mati ing kana, ing ngarepé Gusti Allah.+ 11 Ning, Daud dadi nesu merga Yéhuwah nduduhké murkané marang Uzza. Kuwi sebabé panggonan kuwi disebut Pèrèz-uzza* nganti saiki.

  • Mazmur 80:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 80 Oh Gembalané Israèl, tulung rungokna.

      Njenengan sing nuntun Yusuf kaya nggiring ternak.+

      Njenengan sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub,+

      Duduhna sinar-Mu.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim