-
1 Samuèl 13:13, 14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Samuèl ngandhani Saul, ”Tumindakmu kuwi ora bener. Kowé wis ora manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Sakjané nèk kowé manut, Yéhuwah mesthi bakal nggawé kerajaanmu terus mréntah Israèl saklawasé. 14 Ning saiki, kerajaanmu ora bakal langgeng.+ Yéhuwah bakal nggolèk wong liya sing nyenengké atiné.+ Yéhuwah ya bakal ngangkat wong kuwi dadi pemimpiné umaté,+ merga kowé wis ora manut préntahé Yéhuwah.”+
-
-
1 Samuèl 15:27, 28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
27 Wektu Samuèl arep lunga, Saul nyekel pucuk jubah tanpa lengen sing dienggo Samuèl nganti jubah kuwi suwèk. 28 Samuèl kandha, ”Ya iki sing bakal mbok alami. Yéhuwah bakal njupuk kerajaan Israèl saka kowé. Dhèwèké bakal mènèhké kuwi marang wong liya sing luwih apik timbang kowé.+
-