12 Abisyai+ anaké Zéruya+ matèni 18.000 wong Édom ing Lembah Garam.+13 Daud ngongkon pasukané manggon ing Édom, lan kabèh wong Édom dadi abdiné Daud.+ Yéhuwah mesthi nggawé Daud menang* ing endi waé Daud lunga.+
Kanggo pemimpin musik: Nurut lagu ”Kembang Lili sing Dadi Seksi”. Miktam.* Lagu sing digawé Daud kanggo mulang. Lagu wektu Daud perang nglawan Aram-naharaim lan Aram-Zoba, terus Yoab bali lan matèni 12.000 wong Édom ing Lembah Garam.+