Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Nurut lagu ”Kembang Lili sing Dadi Seksi”. Miktam.* Lagu sing digawé Daud kanggo mulang. Lagu wektu Daud perang nglawan Aram-naharaim lan Aram-Zoba, terus Yoab bali lan matèni 12.000 wong Édom ing Lembah Garam.+
60 Oh Gusti Allah, Njenengan wis ora gelem nampa aku. Njenengan wis nggawé pasukanku kocar-kacir.+
Njenengan nesu karo aku, ning tulung Njenengan nampa aku manèh.
2 Njenengan nggawé bumi goncang lan mbelah.
Tulung dandani retakané, merga buminé wis arep hancur.
3 Njenengan nggawé umat-Mu ngalami kesusahan.
Njenengan mènèhi aku anggur bèn aku sempoyongan.+
4 Tulung wènèhana* tandha marang wong sing wedi marang* Njenengan
Bèn isa mlayu lan ora kena panah. (Sela)
5 Slametna aku nganggo kekuwatan-Mu lan jawaben aku,+
Bèn wong sing mbok tresnani isa slamet.
7 Giléad lan Manasyé kuwi duwèk-Ku,+
Lan Éfraim kuwi tutup sirah-Ku saka wesi.
Yéhuda kuwi tongkat pamréntahan-Ku.+
8 Moab kuwi baskom sing Tak enggo wisuh.+
Édom bakal Tak uncali sandal-Ku.+
Aku bakal sorak-sorak merga Filistia kalah.”+
9 Sapa sing nuntun aku kanggo ngalahké kutha sing dikepung* kuwi?
Sapa sing bakal nuntun aku tekan Édom?+
10 Oh Gusti Allah, Njenengan sing bakal nuntun aku mrana.
Ning, Njenengan wis ora gelem nampa aku lan ora ndhukung pasukanku.+
11 Tulung bantu aku wektu aku susah.
Keslametan saka manungsa kuwi ora ana gunané.+