-
Yosua 16:5-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Iki batas dhaérah keturunané Éfraim nurut keluargané: Batas sisih wétan tanah warisané yaiku Atarot-adar+ nganti tekan Bèt-horon Ndhuwur,+ 6 lan terus tekan laut. Saka Mikhmétat+ ing lor, batasé ménggok ngétan menyang Taanat-syilo lan terus ngétan menyang Yanoa. 7 Saka Yanoa, batas kuwi mudhun menyang Atarot lan Naara nganti tekan Yérikho+ lan terus tekan Kali Yordan. 8 Saka Tapua,+ batasé terus ngulon menyang Lembah* Kanah lan mentog ing laut.+ Kuwi tanah warisané suku Éfraim nurut keluargané.
-