PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Samuèl 31:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Terus, Saul kandha marang sing mbantu nggawa senjatané, ”Jupuken pedhangmu, terus tusuken aku bèn aku ora ditusuk lan disiksa* karo wong-wong sing ora disunat iki.”+ Ning, sing mbantu nggawa senjatané ora gelem merga wedi banget. Mula, Saul njupuk pedhang kuwi lan ditusukké ing awaké.+

  • 1 Para Raja 16:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Pas Zimri weruh nèk kutha kuwi wis direbut, dhèwèké mlebu ing menara sing ana bèntèngé ing istanané Raja, terus ngobong istana kuwi pas dhèwèké ya ana ing njero kono, lan Zimri mati.+

  • Mazmur 5:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Ning, Gusti Allah bakal nganggep wong-wong kuwi salah.

      Rencanané wong-wong kuwi bakal nggawé wong-wong kuwi dhéwé cilaka.+

      Muga-muga wong-wong kuwi diusir merga pelanggarané akèh banget

      Lan wis mbrontak nglawan Njenengan.

  • Mazmur 55:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Oh Gusti Allah, Njenengan bakal nglebokké wong jahat ing kuburan.+

      Wong sing seneng matèni lan sing seneng ngapusi bakal cepet mati.+

      Ning aku, aku bakal terus percaya marang Njenengan.

  • Matius 27:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Wektu Yudas, wong sing ngianati Yésus, ngerti nèk Yésus wis divonis mati, dhèwèké ngrasa gela banget. Terus, 30 dhuwit pérak sing wis dhèwèké tampa dibalèkké marang para imam kepala lan para pemimpin.*+

  • Matius 27:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Terus, Yudas nguncalké dhuwit pérak kuwi ing njero bait. Bar kuwi, dhèwèké lunga lan gantung diri.+

  • Kisah 1:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 (Wong iki tuku tanah nganggo dhuwit saka hasil kejahatané.+ Pas dhèwèké tiba, sing tiba sirahé sik, terus wetengé suwèk lan isi wetengé metu kabèh.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim