PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 32:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 (Gunung watuné wong-wong kuwi ora kaya Gunung Watuné awaké dhéwé,+

      Mungsuhé awaké dhéwé ya ngakoni kuwi.)+

  • Mazmur 18:31-42
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Apa ana Gusti Allah sakliyané Yéhuwah?+

      Apa ana gunung watu sakliyané Gusti Allahé awaké dhéwé?+

      32 Gusti Allah sing bener nguwatké aku,+

      Lan Dhèwèké bakal nggawé kabèh sing tak tindakké berhasil.*+

      33 Dhèwèké nggawé sikilku gesit kaya sikilé kidang,

      Bèn aku kuwat ngadeg ing lèrèng gunung.+

      34 Dhèwèké nglatih aku perang.

      Tanganku nyiapké* busur tembaga.

      35 Njenengan kaya tamèng sing nglindhungi aku.+

      Tangan-Mu sing kuwat* ndhukung aku.

      Aku diunggulké merga Njenengan rendah hati.+

      36 Njenengan nyingkirké kabèh sing ngalangi aku,*

      Bèn aku ora kena cilaka.*+

      37 Aku bakal ngoyak* mungsuh-mungsuhku nganti kecekel.

      Aku ora bakal bali sakdurungé wong-wong kuwi mati.

      38 Wong-wong kuwi bakal tak antemi* nganti ora isa tangi manèh.+

      Wong-wong kuwi bakal tak kalahké.

      39 Njenengan bakal mènèhi aku kekuwatan kanggo perang.

      Njenengan bakal ngalahké mungsuh-mungsuhku ing ngarepku.+

      40 Njenengan bakal nggawé mungsuh-mungsuhku mlayu saka ngarepku.

      Aku bakal matèni wong-wong sing sengit karo aku.+

      41 Wong-wong kuwi njaluk tulung, tapi ora ana sing nulungi.

      Wong-wong kuwi sambat karo Yéhuwah, tapi Dhèwèké ora gelem ngrungokké.

      42 Wong-wong kuwi bakal tak remuk nganti lembut kaya debu sing kabur kena angin.

      Wong-wong kuwi bakal tak singkirké kaya lumpur ing dalan.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim