PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Samuèl 13:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Ning saiki, kerajaanmu ora bakal langgeng.+ Yéhuwah bakal nggolèk wong liya sing nyenengké atiné.+ Yéhuwah ya bakal ngangkat wong kuwi dadi pemimpiné umaté,+ merga kowé wis ora manut préntahé Yéhuwah.”+

  • 1 Samuèl 15:27, 28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Wektu Samuèl arep lunga, Saul nyekel pucuk jubah tanpa lengen sing dienggo Samuèl nganti jubah kuwi suwèk. 28 Samuèl kandha, ”Ya iki sing bakal mbok alami. Yéhuwah bakal njupuk kerajaan Israèl saka kowé. Dhèwèké bakal mènèhké kuwi marang wong liya sing luwih apik timbang kowé.+

  • 1 Samuèl 16:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Yéhuwah akhiré kandha karo Samuèl, ”Nganti kapan kowé bakal sedhih merga Saul?+ Aku wis nolak dhèwèké dadi raja Israèl.+ Isinen wadhah* nganggo minyak.+ Aku bakal ngutus kowé marani Isai+ wong Bètlehèm, merga Aku wis milih salah siji anaké Isai dadi raja.”+

  • 1 Samuèl 16:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Samuèl njupuk wadhah* sing isiné minyak+ lan ngesokké ing sirahé Daud, ing ngarepé kakang-kakangé. Kèt dina kuwi, roh suciné Yéhuwah mènèhi kuwasa marang Daud.+ Terus, Samuèl mulih menyang Rama.+

  • Mazmur 89:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  3 Njenengan kandha, ”Aku wis nggawé perjanjian karo Daud, abdi sing wis Tak pilih.+

      Aku wis nggawé sumpah marang dhèwèké,+

  • Mazmur 89:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Aku wis milih Daud abdi-Ku.+

      Aku nglantik dhèwèké nganggo minyak suci.+

  • Mazmur 132:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Ing kono, Aku bakal nggawé Daud saya kuwat.

      Aku wis nyiapké lampu* kanggo wong sing Tak lantik.+

  • Kisah 13:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Sakwisé nyingkirké Saul, Dhèwèké ngangkat Daud dadi raja.+ Gusti Allah mènèhi kesaksian soal Daud lan kandha, ’Aku wis milih Daud anaké Isai,+ wong sing nyenengké ati-Ku.+ Dhèwèké bakal nindakké kabèh sing Tak karepké.’

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim