-
1 Para Raja 9:20-22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Kabèh wong sing isih urip saka wong Amori, wong Hèt, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus,+ sing dudu bagéan saka wong Israèl,+ 21 yaiku keturunané wong-wong kuwi sing ora isa disingkirké wong Israèl saka tanah kuwi, diwajibké Salomo kanggo dadi budhak kerja paksa nganti saiki.+ 22 Ning, Salomo ora ndadèkké wong Israèl budhak.+ Wong-wong kuwi didadèkké prajurit, pelayan, pejabat, ajudan, lan kepala pasukan kréta lan pasukan sing numpak jaran.
-
-
2 Babad 8:7-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Kabèh wong sing isih urip saka wong Hèt, wong Amori, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus,+ sing dudu bagéan saka wong Israèl,+ 8 yaiku keturunané wong-wong kuwi sing ora disingkirké wong Israèl saka dhaérah kuwi,+ diwajibké Salomo dadi budhak kerja paksa nganti saiki.+ 9 Ning, Salomo ora ndadèkké wong Israèl dadi budhak sing kerja kanggo dhèwèké.+ Wong-wong kuwi didadèkké prajurit, kepala ajudan, lan kepala pasukan kréta lan pasukan sing numpak jaran.+
-