PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Babad 22:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Aku wis susah payah nyiapké kanggo omahé Yéhuwah 100.000 talènta* emas lan 1.000.000 talènta pérak, termasuk tembaga lan wesi sing akèh banget+ nganti ora isa ditimbang. Aku ya wis nyiapké kayu lan watu,+ ning kuwi isih kudu mbok tambahi manèh.

  • 1 Babad 22:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Ana akèh emas, pérak, tembaga, lan wesi nganti ora isa diétung.+ Mula, ndang cepeta mbangun. Muga-muga Yéhuwah ndhukung kowé.”+

  • 2 Babad 4:18-22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Salomo nggawé peralatan akèh banget nganti boboté tembaga kuwi ora ana sing ngerti.+

      19 Salomo nggawé kabèh peralatan+ iki kanggo omahé Gusti Allah sing bener: mézbah emas;+ méja-méja+ kanggo roti persembahan;+ 20 wadhah-wadhah lampu lan lampuné saka emas murni,+ sing bakal diurubké ing ngarepé ruangan sing paling njero, sesuai karo peraturan sing wis ditentokké; 21 kembang, lampu, alat kanggo njepit sumbu, kabèh kuwi saka emas sing paling murni; 22 alat kanggo matèni geni ing sumbu, mangkok, cangkir, wadhah bara, kabèh kuwi digawé saka emas murni; lawangé omah kuwi, lawang-lawang bagéan njero kanggo Ruang Mahasuci,+ lan lawang-lawang Ruang Suci,* kabèh digawé saka emas.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim