-
1 Para Raja 7:48-50Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
48 Salomo nggawé kabèh peralatan kanggo omahé Yéhuwah, yaiku mézbah+ emas, méja emas+ kanggo ndèlèhké roti persembahan, 49 wadhah-wadhah lampu+ saka emas murni ing ngarepé ruangan sing paling njero, yaiku lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa, kembang,+ lampu, alat kanggo njepit sumbu, kabèh saka emas;+ 50 baskom, alat kanggo matèni geni ing sumbu,+ mangkok, cangkir,+ wadhah bara,+ kabèh saka emas murni; èngsèl kanggo lawang ruangan sing paling njero,+ yaiku Ruang Mahasuci, lan èngsèl kanggo lawang Ruang Suci,*+ kabèh digawé saka emas.
-