PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 6:3-11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Terus, Raja mbalik madhep jemaat Israèl lan mulai mberkahi kabèh jemaat Israèl sing ngadeg ing kono.+ 4 Raja kandha, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl dipuji, merga Dhèwèké janji marang Daud bapakku, lan Dhèwèké wis nepati janji kuwi, yaiku, 5 ’Kèt Aku nggawa umat-Ku metu saka Mesir, Aku durung milih salah siji kutha saka kabèh dhaérahé suku-suku ing Israèl sing bakal dadi panggonan kanggo mbangun omah kanggo jeneng-Ku.+ Aku ya durung milih salah siji pemimpin kanggo umat-Ku Israèl. 6 Ning, Aku wis milih Yérusalèm+ kanggo ngluhurké jeneng-Ku. Aku ya wis milih Daud kanggo mimpin umat-Ku Israèl.’+ 7 Daud bapakku péngin banget mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+ 8 Ning Yéhuwah kandha marang Daud bapakku, ’Kowé péngin banget mbangun omah kanggo jeneng-Ku, lan kepénginanmu kuwi apik. 9 Senajan ngono, dudu kowé sing bakal mbangun omah kuwi. Sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku+ yaiku anakmu sing bakal lair.* 10 Yéhuwah wis nepati janjiné kuwi,+ merga aku wis lungguh ing takhta Israèl+ nggantèni Daud bapakku, kaya janjiné Yéhuwah. Aku ya wis mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, 11 lan ing kono aku wis ndèlèhké Pethi sing isiné perjanjian+ sing wis digawé Yéhuwah karo Israèl.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim