PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 8:14-21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Terus, Raja mbalik madhep jemaat Israèl lan mulai mberkahi kabèh jemaat Israèl sing ngadeg ing kana.+ 15 Raja kandha, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl dipuji, merga Dhèwèké janji marang Daud bapakku lan Dhèwèké wis nepati janji kuwi, yaiku, 16 ’Kèt Aku nggawa umat-Ku Israèl metu saka Mesir, Aku durung milih salah siji kutha saka kabèh dhaérahé suku-suku ing Israèl sing bakal dadi panggonan kanggo mbangun omah kanggo jeneng-Ku,+ ning Aku wis milih Daud kanggo mimpin umat-Ku Israèl.’ 17 Daud bapakku péngin banget mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+ 18 Ning, Yéhuwah kandha marang Daud bapakku, ’Kowé péngin banget mbangun omah kanggo jeneng-Ku, lan kepénginanmu kuwi apik. 19 Senajan ngono, dudu kowé sing bakal mbangun omah kuwi, ning anakmu sing mengko bakal lair,* dhèwèké sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku.’+ 20 Yéhuwah wis nepati janjiné kuwi, merga aku wis lungguh ing takhta Israèl nggantèni Daud bapakku, kaya janjiné Yéhuwah. Aku ya wis mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl,+ 21 lan ing omah kuwi, aku wis nggawé panggonan kanggo Pethi sing isiné perjanjian+ sing wis digawé Yéhuwah karo nènèk moyangé awaké dhéwé pas Dhèwèké nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim