-
2 Babad 6:14-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Salomo kandha, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ora ana Gusti Allah sing kaya Njenengan, ing langit utawa ing bumi. Njenengan nepati perjanjiané Njenengan lan nduduhké katresnan sing langgeng* marang para abdi-Mu sing nglayani Njenengan saktulusé ati.+ 15 Njenengan wis nepati janjiné Njenengan marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku.+ Njenengan dhéwé sing nggawé janji kuwi, lan dina iki Njenengan nepati janji kuwi.+ 16 Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, tulung tepati janji-Mu marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku, wektu Njenengan kandha, ’Keturunanmu bakal terus lungguh ing takhtané Israèl ing ngarep-Ku nèk anak-anakmu kelakuané apik lan manut hukum-Ku,+ kaya sing wis mbok lakoni.’+ 17 Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, muga-muga janji-Mu marang abdi-Mu Daud kelakon tenan.
-