-
1 Para Raja 8:23-26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 terus kandha, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ora ana Gusti Allah sing kaya Njenengan,+ ing langit utawa ing bumi. Njenengan nepati perjanjiané Njenengan lan nduduhké katresnan sing langgeng*+ marang para abdi-Mu sing nglayani Njenengan saktulusé ati.+ 24 Njenengan wis nepati janjiné Njenengan marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku. Njenengan dhéwé sing nggawé janji kuwi, lan dina iki Njenengan nepati janji kuwi.+ 25 Saiki, oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, tulung tepati janji-Mu marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku, wektu Njenengan kandha, ’Keturunanmu bakal terus lungguh ing takhtané Israèl nèk anak-anakmu kelakuané apik lan manut karo Aku, kaya sing wis mbok lakoni.’+ 26 Saiki, oh Gusti Allahé Israèl, aku nyuwun, muga-muga janji-Mu marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku, kelakon tenan.
-