PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 14:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Kuwi sebabé, Aku bakal nggawé keturunané Yéroboam kena bencana, lan Aku bakal nyingkirké saben wong lanang* ing keluargané Yéroboam, termasuk wong sing paling rendhah lan tanpa daya ing Israèl. Aku bakal nyingkirké keturunané Yéroboam,+ kaya wong nyingkirké tai nganti ora ana bekasé.

  • 1 Para Raja 15:25-29
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Nadab+ anaké Yéroboam dadi raja Israèl ing taun keloro pamréntahané Asa raja Yéhuda, lan dhèwèké mréntah Israèl suwéné rong taun. 26 Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké ya niru kelakuan lan dosané bapaké.+ Bapaké ya nyebabké bangsa Israèl nindakké dosa kuwi.+ 27 Terus, Baasya anaké Ahiya keturunané Isakhar sekongkol nglawan Nadab, lan Baasya matèni dhèwèké ing Gibéton,+ kuthané wong Filistin, pas Nadab lan kabèh pasukan Israèl lagi ngepung Gibéton. 28 Baasya matèni Nadab ing taun ketelu pamréntahané Asa raja Yéhuda, lan Baasya dadi raja nggantèni Nadab. 29 Ora let suwé sakwisé dadi raja, Baasya matèni kabèh keturunané Yéroboam. Ora ana sing dijarké tetep urip. Kabèh dipatèni kaya sing wis diomongké Yéhuwah liwat abdiné yaiku Ahiya wong Syilo.+

  • 2 Para Raja 17:22, 23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Wong Israèl terus nindakké kabèh dosa sing dilakoni Yéroboam.+ Wong-wong kuwi terus-terusan nindakké kuwi 23 nganti Yéhuwah nyingkirké Israèl saka ngarepé, persis kaya sing wis Dhèwèké omongké liwat kabèh abdiné, yaiku para nabi.+ Mula, Israèl digawa saka tanahé lan ditawan ing Asiria+ nganti saiki.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim