PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 28:45
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 45 ”Kowé mesthi bakal kena kabèh kutukan iki+ nganti kowé kabèh disingkirké,+ merga kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan ora nindakké préntah lan peraturané sing diwènèhké marang kowé.+

  • Pangandharing Torèt 28:63
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 63 ”Kaya Yéhuwah seneng banget nggawé kowé makmur lan nggawé keturunanmu saya akèh, Yéhuwah ya bakal seneng banget nyingkirké lan matèni kowé. Kowé bakal diusir saka tanah sing bakal mbok enggoni.

  • 1 Para Raja 14:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Dhèwèké bakal ninggalké Israèl merga dosa-dosané Yéroboam lan dosa-dosané Israèl sing ditindakké merga pengaruhé Yéroboam.”+

  • Hoséa 1:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Bar kuwi, Yéhuwah kandha, ”Kowé kudu njenengi anak kuwi Yizréèl,* sebab sedhéla manèh Aku bakal ngukum keturunané Yéhu+ merga pembunuhan ing Yizréèl. Kerajaan Israèl+ bakal Tak singkirké.

  • Amos 5:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Aku bakal nggawé kowé ditawan menyang panggonan sing luwih adoh timbang Damaskus,’+ kandhané Gusti Allah pemimpiné pasukan. Yéhuwah kuwi jenengé.”+

  • Mikha 1:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Aku bakal nggawé Samaria dadi tumpukan watu ing ladhang

      Lan dadi panggonan kanggo nandur anggur.

      Watu-watuné bakal Tak uncalké ing lembah,

      Lan pondhasiné bakal Tak bongkar.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim