-
Pangandharing Torèt 12:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Ning, wektu arep nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu, kowé kudu lunga menyang panggonan sing dipilih Gusti Allahmu ing antarané wilayahé suku-sukumu bèn dadi panggonané lan bèn jenengé dimulyakké.+ 6 Persembahan bakaran,+ korban, sepersepuluhan,+ sumbangan,+ persembahan merga nggawé janji, persembahan sukaréla,+ lan anak pertama saka ternakmu kudu mbok gawa mrana.+
-
-
1 Para Raja 8:16, 17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 ’Kèt Aku nggawa umat-Ku Israèl metu saka Mesir, Aku durung milih salah siji kutha saka kabèh dhaérahé suku-suku ing Israèl sing bakal dadi panggonan kanggo mbangun omah kanggo jeneng-Ku,+ ning Aku wis milih Daud kanggo mimpin umat-Ku Israèl.’ 17 Daud bapakku péngin banget mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+
-