PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 12:2, 3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Ing kabèh wilayahé bangsa-bangsa sing bakal mbok kalahké, kowé kudu ngremuk kabèh panggonan sing dienggo nyembah allah-allahé,+ embuh kuwi ing gunung sing dhuwur, ing bukit, utawa ing ngisor wit sing rimbun. 3 Kowé kudu ngremuk kabèh mézbah lan tugu suciné.*+ Kowé ya kudu ngobong cagak suciné* lan ngremuk patung-patung allahé,+ bèn jenengé allah-allahé ora diéling-éling manèh.+

  • Yésaya 57:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  5 Ing antarané wit sing gedhé lan wit sing rimbun,+

      Kowé nduwé nafsu sing gedhé.+

      Ing antarané watu-watu gedhé lan ing lembah,*+

      Kowé matèni anakmu.

  • Yérémia 2:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 ’Mbiyèn Aku ngremuk kayu sing dipasang ing gulumu+ lan nguculi rantému.

      Ning kowé kandha, ”Aku wegah nglayani Njenengan.”

      Ing saben bukit sing dhuwur lan ing ngisoré wit sing rimbun,+

      Kowé padha turon lan melacur.+

  • Hoséa 4:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Wong-wong kuwi padha mènèhké korban+ ing puncak gunung-gunung

      Lan nggawé asap korban ing bukit-bukit,

      Ing ngisor wit gedhé,* wit storaks,* lan wit gedhé liyané+

      Merga panggonan kuwi éyub.

      Kuwi sebabé anak-anakmu wédok padha melacur,

      Lan mantu-mantumu wédok padha laku jina.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim