-
1 Para Raja 15:18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Mula, Asa njupuk kabèh pérak lan emas sing ditinggal ing panggonan nyimpen harta ing omahé Yéhuwah lan panggonan nyimpen harta ing istana, terus masrahké kuwi marang para abdiné. Bar kuwi, Raja Asa ngutus wong-wong kuwi marang Bèn-hadad anaké Tabrimon anaké Hézion, yaiku raja Siria+ sing manggon ing Damaskus. Asa kandha,
-
-
2 Para Raja 18:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Mula, Hizkia raja Yéhuda ngirim pesen iki marang raja Asiria ing Lakhis, ”Aku wis salah. Tulung aja nyerang aku manèh, lan aku bakal mènèhi apa waé sing njenengan jaluk.” Terus, raja Asiria njaluk pérak 300 talènta* lan emas 30 talènta saka Hizkia raja Yéhuda. 15 Mula, Hizkia mènèhké kabèh pérak sing ana ing omahé Yéhuwah lan sing ana ing panggonan nyimpen harta ing istanané raja.+
-
-
2 Para Raja 24:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Yéhoyakhin raja Yéhuda bareng karo ibuné, para abdiné, para pemimpiné, lan para pejabat istanané+ padha nyerah marang raja Babilon.+ Bar kuwi, Yéhoyakhin ditawan ing taun kewolu pamréntahané raja Babilon.+ 13 Terus, raja Babilon ngetokké kabèh harta sing ana ing omahé Yéhuwah lan istanané raja.+ Dhèwèké ngethok-ngethok kabèh peralatan emas sing digawé Salomo raja Israèl ing baité Yéhuwah.+ Kuwi kelakon cocog karo sing diramalké Yéhuwah.
-