- 
	                        
            
            2 Samuèl 15:23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
- 
                            - 
                                        23 Wektu kabèh wong kuwi nyabrang, kabèh wong sing ana ing Yérusalèm lan sekitaré nangis banter banget. Raja ngadeg ing pinggir Lembah Kidron,+ lan kabèh wong kuwi nyabrang menyang dalan sing ngarah ing padhang belantara. 
 
- 
                                        
- 
	                        
            
            2 Babad 15:16-18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
- 
                            - 
                                        16 Malah, Raja Asa mecat Maaka+ simbahé wédok saka kedudukané dadi ibu suri, merga dhèwèké nggawé patung sing saru kanggo nyembah cagak suci.*+ Asa ngambrukké patung sing saru kuwi, terus patung kuwi diremuk lan dibakar ing Lembah Kidron.+ 17 Ning, panggonan-panggonan dhuwur* ora disingkirké+ saka Israèl.+ Senajan ngono, sakjegé uripé, Asa ngabdi saktulusé ati marang Gusti Allah.+ 18 Dhèwèké nggawa pérak, emas, lan barang-barang liyané+ menyang omahé Gusti Allah sing bener. Kuwi barang-barang sing wis disucèkké Asa lan bapaké. 
 
-