-
1 Para Raja 14:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Yéhuda nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah,+ lan dosa-dosané kuwi nggawé Gusti Allah luwih nesu marang wong-wong kuwi timbang marang nènèk moyangé.+ 23 Wong-wong kuwi ya terus nggawé panggonan-panggonan dhuwur,* tugu-tugu suci,* lan cagak-cagak suci*+ ing saben bukit sing dhuwur+ lan ing ngisor wit-wit sing rimbun.+
-
-
2 Para Raja 23:19, 20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Yosia ya nyingkirké kabèh kuil sing ana ing panggonan-panggonan dhuwur* ing kutha-kutha Samaria+ sing dibangun raja-raja Israèl kanggo nglarani atiné Gusti Allah. Sing ditindakké Yosia kuwi padha kaya sing dhèwèké tindakké ing Bètel.+ 20 Yosia ngorbanké ing ndhuwur mézbah kuwi kabèh imam sing ditugaské ing panggonan-panggonan dhuwur* sing ana ing kono. Dhèwèké ya ngobong balung-balungé manungsa ing ndhuwuré mézbah kuwi.+ Terus, dhèwèké bali menyang Yérusalèm.
-