PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 16:1-6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Ing taun ke-36 pamréntahané Asa, Baasya+ raja Israèl nyerang Yéhuda lan mulai mbangun* Rama,+ supaya ora ana sing isa mlebu metu ing wilayahé Asa raja Yéhuda.+ 2 Mula, Asa ngetokké pérak lan emas saka panggonan nyimpen harta ing omahé Yéhuwah+ lan ing istana, terus ngirim kuwi marang Bèn-hadad raja Siria+ sing manggon ing Damaskus. Asa kandha, 3 ”Ana perjanjian antarané aku lan kowé, antarané bapakku lan bapakmu. Aku ngirim pérak lan emas iki marang kowé. Mula, batalna perjanjianmu karo Baasya raja Israèl, supaya dhèwèké mundur saka aku.”

      4 Bèn-hadad ngrungokké omongané Raja Asa lan ngutus para pemimpin pasukané kanggo nyerang kutha-kutha Israèl, lan wong-wong kuwi ngalahké Iyon,+ Dan,+ Abèl-maim, lan kabèh panggonan sing dienggo nyimpen persediaan ing kutha-kutha Naftali.+ 5 Pas Baasya krungu kuwi, dhèwèké langsung mandheg mbangun* Rama lan ninggalké proyèk kuwi. 6 Terus Raja Asa ngumpulké kabèh wong Yéhuda, lan wong-wong kuwi padha ngangkuti watu lan kayu sing digunakké Baasya kanggo mbangun Rama.+ Terus, Raja Asa nggunakké kuwi kabèh kanggo mbangun*+ Géba+ lan Mizpa.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim