-
1 Para Raja 17:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Terus, randha kuwi mangkat lan nindakké omongané Èlia. Randha kuwi, keluargané, lan Èlia nduwé panganan kanggo wektu sing suwé.+ 16 Tepung ing wadhah gedhé ora entèk, lan minyak ing wadhah cilik ya ora entèk, cocog karo apa sing wis diomongké Yéhuwah liwat Èlia.
-
-
1 Para Raja 17:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Randha kuwi kandha marang Èlia, ”Saiki aku ngerti nèk njenengan bener-bener abdiné Gusti Allah+ lan nèk omongané Yéhuwah sing mbok sampèkké kuwi pancèn bener.”
-
-
1 Para Raja 18:36Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
36 Pas soré, pas kira-kira wektuné mènèhké persembahan biji-bijian,+ Nabi Èlia nyedhaki mézbah lan kandha, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahé Abraham,+ Ishak,+ lan Israèl, muga-muga dina iki wong-wong padha ngerti nèk Njenengan kuwi Gusti Allah ing Israèl, lan padha ngerti nèk aku iki abdi-Mu lan aku nindakké kabèh iki nurut préntah-Mu.+
-
-
1 Para Raja 18:46Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
46 Ning, Yéhuwah mènèhi Èlia kekuwatan khusus. Èlia nyincingké lan nalèkké jubahé ing pinggangé, terus mlayu ndhisiki Ahab nganti tekan Yizréèl.
-
-
Lukas 1:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Gusti Allah bakal ngongkon anakmu ndhisiki Dhèwèké.* Anakmu bakal nduwé semangat lan kuwasa+ sing padha kaya Èlia. Anakmu ya bakal nggawé atiné bapak-bapak dadi kaya atiné bocah-bocah*+ lan mbantu wong sing ora manut dadi wicaksana kaya wong sing bener. Mula, wong-wong kuwi isa dadi umat sing siap ngabdi marang Yéhuwah.”*+
-