-
Pangandharing Torèt 32:39Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
Aku matèni, lan Aku nguripké.+
-
-
2 Para Raja 4:32Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Pas Èlisa mlebu ing njero omah, bocah sing wis mati kuwi ana ing kasuré Èlisa.+
-
-
2 Para Raja 4:34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 Èlisa munggah ing kasur lan mbungkuk ing ndhuwuré bocah kuwi. Lambéné ditèmplèkké ing lambéné bocah kuwi, mripaté ing mripaté bocah kuwi, lan tlapak tangané ing tlapak tangané bocah kuwi. Èlisa mbungkuk terus ing ndhuwuré bocah kuwi, lan badané bocah kuwi mulai anget.+
-
-
2 Para Raja 13:21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Pas wong-wong lagi ngubur mayaté salah siji wong lanang, wong-wong kuwi weruh grombolan rampok mau. Wong-wong kuwi langsung nguncalké mayat mau ing kuburané Èlisa terus padha mlayu. Pas mayaté wong lanang kuwi kena balungé Èlisa, wong lanang mau urip manèh+ lan ngadeg.
-
-
Yohanes 11:44Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
44 Wong sing wis mati kuwi metu. Sikil, tangan, lan wajahé isih keblebed kain. Terus, Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Uculana blebedé bèn dhèwèké isa mlaku.”
-
-
Kisah 9:40, 41Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
40 Sakwisé ngongkon wong-wong metu,+ Pétrus berlutut lan ndonga. Terus, ing ngarepé mayat kuwi Pétrus kandha, ”Tabita, tangia.” Wong wédok kuwi langsung melèk lan ndelok Pétrus, terus wong wédok kuwi lungguh.+ 41 Pétrus nyekel tangané Dorkas lan mbantu dhèwèké ngadeg. Bar kuwi, Pétrus ngundang* para wong suci lan randha-randha sing ana ing kono, lan wong-wong kuwi ndelok nèk Dorkas wis urip.+
-
-
Kisah 20:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Ana cah lanang sing jenengé Éutikhus lungguh ing cedhak jendhéla. Pas Paulus isih ngomong, dhèwèké keturon nganti angler banget lan akhiré tiba saka lantai telu. Wektu diangkat, dhèwèké wis mati. 10 Terus, Paulus mudhun, mbungkukké badané ing ndhuwuré badané cah lanang kuwi, lan ndhekep dhèwèké.+ Bar kuwi, Paulus kandha, ”Ora usah kuwatir. Dhèwèké wis urip manèh.”+
-