5 Aja sujud lan aja nyembah kabèh kuwi,+ merga Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, péngin kowé mung nyembah Aku.+ Aku bakal ngukum wong-wong sing sengit karo Aku. Anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané.
15 Nèk kowé nganggep nglayani Yéhuwah kuwi ora apik, dina iki pilihen dhéwé sapa sing arep mbok layani,+ allah-allah sing mbiyèn disembah nènèk moyangmu ing sabrangé Kali Éfrat+ utawa allah-allahé wong Amori sing tanahé mbok enggoni.+ Ning, aku lan keluargaku bakal nglayani Yéhuwah.”
3 Terus, Samuèl ngandhani kabèh wong Israèl, ”Nèk kowé mertobat marang Yéhuwah saktulusé atimu,+ singkirna allah-allah asing+ lan patung-patung Astorèt+ sing ana ing antaramu. Nèk kowé ora ragu-ragu lan ngabdi mung marang Yéhuwah,+ Dhèwèké bakal nylametké kowé saka wong Filistin.”+