-
Danièl 5:23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Njenengan malah nglawan Gusti sing nguwasani swarga+ lan ngongkon bèn cangkir-cangkir saka omahé dijupuk.+ Terus, njenengan ngombé nganggo cangkir-cangkir kuwi lan muji brahala-brahala sing digawé saka emas, pérak, tembaga, wesi, kayu, lan watu bareng karo para bangsawan, gundhik, lan seliré njenengan. Padahal brahala-brahala kuwi ora isa ndelok, ora isa ngrungokké, lan ora ngerti apa-apa.+ Njenengan ora ngluhurké Gusti Allah sing isa nentokké njenengan urip apa mati lan sing nduwé kuwasa ing uripé njenengan.+
-
-
Habakuk 2:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Wong-wong percaya karo patung sing digawé,
Sing asalé saka kayu, watu, lan logam.
Ning, naséhat saka patung-patung kuwi palsu.
Brahala-brahala kuwi ora isa ngomong.
Mula, apa gunané kuwi kanggo wong-wong sing nggawé?+
19 Wong sing kandha marang kayu, ”Tangia,”
Lan sing kandha marang watu sing bisu, ”Tangia, ajarana aku,” bakal cilaka.
-