PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 13:1-5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 ”Nèk ing antaramu ana nabi utawa wong sing ngramal merga éntuk mimpi, lan dhèwèké mènèhi tandha utawa ramalan, 2 terus tandha utawa ramalan sing diomongké kuwi kelakon tenan lan dhèwèké kandha, ’Ayo nyembah lan nglayani allah-allah liya,’ yaiku allah-allah sing ora mbok kenal, 3 aja ngrungokké nabi utawa wong sing ngramal merga éntuk mimpi kuwi,+ merga Yéhuwah Gusti Allahmu péngin ngerti apa kowé+ bener-bener nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu.*+ 4 Kowé kudu nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu, lan kowé kudu wedi marang* Dhèwèké. Kowé kudu manut karo préntahé lan ngrungokké omongané. Kowé kudu ngabdi mung marang Dhèwèké, lan kowé kudu terus setya marang Dhèwèké.+ 5 Ning, nabi utawa wong sing ngramal merga éntuk mimpi kuwi kudu mbok patèni,+ merga wong kuwi isa nggawé kowé mbrontak marang Yéhuwah Gusti Allahmu, bèn kowé ora manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu. Gusti Allahmu wis nggawa kowé metu saka tanah Mesir lan mbébaské kowé saka panggonan wektu kowé dadi budhak. Kowé kudu nyingkirké kabèh sing jahat saka antaramu.+

  • Pangandharing Torèt 18:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 ”’Nèk ana nabi sing lancang ngaku-ngaku dadi wakil-Ku lan nyampèkké omongan-Ku, padahal sakjané Aku ora tau ngongkon ngomong ngono, utawa dhèwèké ngomong dadi wakilé allah-allah liya, nabi kuwi kudu dipatèni.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim