PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 13:1-5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 ”Nèk ing antaramu ana nabi utawa wong sing ngramal merga éntuk mimpi, lan dhèwèké mènèhi tandha utawa ramalan, 2 terus tandha utawa ramalan sing diomongké kuwi kelakon tenan lan dhèwèké kandha, ’Ayo nyembah lan nglayani allah-allah liya,’ yaiku allah-allah sing ora mbok kenal, 3 aja ngrungokké nabi utawa wong sing ngramal merga éntuk mimpi kuwi,+ merga Yéhuwah Gusti Allahmu péngin ngerti apa kowé+ bener-bener nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu.*+ 4 Kowé kudu nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu, lan kowé kudu wedi marang* Dhèwèké. Kowé kudu manut karo préntahé lan ngrungokké omongané. Kowé kudu ngabdi mung marang Dhèwèké, lan kowé kudu terus setya marang Dhèwèké.+ 5 Ning, nabi utawa wong sing ngramal merga éntuk mimpi kuwi kudu mbok patèni,+ merga wong kuwi isa nggawé kowé mbrontak marang Yéhuwah Gusti Allahmu, bèn kowé ora manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu. Gusti Allahmu wis nggawa kowé metu saka tanah Mesir lan mbébaské kowé saka panggonan wektu kowé dadi budhak. Kowé kudu nyingkirké kabèh sing jahat saka antaramu.+

  • Yérémia 28:11-17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Bar kuwi, Hanania ngomong ing ngarepé rakyat, ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Ya kaya ngéné iki, ing wektu rong taun, Aku bakal mbébaské kabèh bangsa saka perbudakané Nébukhadnézar raja Babilon.’”*+ Terus, Nabi Yérémia lunga saka kono.

      12 Sakwisé Nabi Hanania nugel kayu sing dipasang ing guluné Yérémia, Yéhuwah kandha marang Yérémia, 13 ”Ngomonga marang Hanania, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kowé nugel kayu sing dipasang ing gulu,+ ning kayu kuwi bakal diganti nganggo wesi.” 14 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Aku bakal nggawé kabèh bangsa iki dadi budhak* lan nglayani Nébukhadnézar raja Babilon. Wong-wong kuwi kudu nglayani dhèwèké.+ Malah, kéwan liar ing padhang bakal Tak wènèhké marang dhèwèké.”’”+

      15 Nabi Yérémia kandha marang Nabi Hanania,+ ”Hé Hanania, tulung rungokna. Yéhuwah ora ngutus kowé, ning kowé nggawé rakyat iki percaya omonganmu sing ngapusi.+ 16 Mula iki sing diomongké Yéhuwah, ’Aku bakal nyingkirké kowé saka bumi. Taun iki, kowé bakal mati merga kowé ngejak rakyat bèn padha mbrontak nglawan Yéhuwah.’”+

      17 Mula ing sasi kepitu taun kuwi, Nabi Hanania mati.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim