-
Pangandharing Torèt 13:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Ning, nabi utawa wong sing ngramal merga éntuk mimpi kuwi kudu mbok patèni,+ merga wong kuwi isa nggawé kowé mbrontak marang Yéhuwah Gusti Allahmu, bèn kowé ora manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu. Gusti Allahmu wis nggawa kowé metu saka tanah Mesir lan mbébaské kowé saka panggonan wektu kowé dadi budhak. Kowé kudu nyingkirké kabèh sing jahat saka antaramu.+
-
-
Pangandharing Torèt 18:20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 ”’Nèk ana nabi sing lancang ngaku-ngaku dadi wakil-Ku lan nyampèkké omongan-Ku, padahal sakjané Aku ora tau ngongkon ngomong ngono, utawa dhèwèké ngomong dadi wakilé allah-allah liya, nabi kuwi kudu dipatèni.+
-
-
Yérémia 29:32Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Mula iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aku bakal ngukum Syémaya wong Néhélam lan keturunané. Keturunané ora ana sing bakal tetep urip ing antarané bangsa iki. Syémaya ora bakal nampa berkah sing bakal Tak wènèhké marang umat-Ku,’ kandhané Yéhuwah, ’sebab dhèwèké wis ngojok-ojoki rakyat bèn mbrontak nglawan Yéhuwah.’”’”
-