PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 28
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yérémia

      • Omongané nabi palsu Hanania dibantah karo Yérémia (1-17)

Yérémia 28:1

Réferènsi Silang

  • +2Raj 24:17; 2Bb 36:10
  • +Yos 11:19; 2Sam 21:2

Yérémia 28:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Aku bakal nugel kayu sing dipasang raja Babilon ing gulumu”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 27:4, 8

Yérémia 28:3

Réferènsi Silang

  • +2Raj 24:11, 13; Yér 27:16; Dan 1:2

Yérémia 28:4

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Aku bakal nugel kayu sing dipasang raja Babilon ing guluné wong-wong kuwi”.

Réferènsi Silang

  • +2Raj 24:8; 25:27; Yér 37:1
  • +2Raj 23:36; 24:6
  • +2Raj 24:12, 14; Yér 24:1

Yérémia 28:6

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”Dadia kaya ngono”.

Yérémia 28:10

Réferènsi Silang

  • +Yér 27:2

Yérémia 28:11

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Aku bakal nugel kayu sing dipasang Nébukhadnézar raja Babilon ing guluné kabèh bangsa”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 28:4

Yérémia 28:13

Réferènsi Silang

  • +Yér 27:2

Yérémia 28:14

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Aku bakal masang wesi ing guluné kabèh bangsa iki”.

Réferènsi Silang

  • +PT 28:48; Yér 5:19
  • +Yér 27:6; Dan 2:37, 38

Yérémia 28:15

Réferènsi Silang

  • +Yér 28:1
  • +Yér 14:14; 23:21; 27:15; Yèh 13:3

Yérémia 28:16

Réferènsi Silang

  • +PT 13:5; 18:20; Yér 29:32

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yér. 28:12Raj 24:17; 2Bb 36:10
Yér. 28:1Yos 11:19; 2Sam 21:2
Yér. 28:2Yér 27:4, 8
Yér. 28:32Raj 24:11, 13; Yér 27:16; Dan 1:2
Yér. 28:42Raj 24:8; 25:27; Yér 37:1
Yér. 28:42Raj 23:36; 24:6
Yér. 28:42Raj 24:12, 14; Yér 24:1
Yér. 28:10Yér 27:2
Yér. 28:11Yér 28:4
Yér. 28:13Yér 27:2
Yér. 28:14PT 28:48; Yér 5:19
Yér. 28:14Yér 27:6; Dan 2:37, 38
Yér. 28:15Yér 28:1
Yér. 28:15Yér 14:14; 23:21; 27:15; Yèh 13:3
Yér. 28:16PT 13:5; 18:20; Yér 29:32
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yérémia 28:1-17

Yérémia

28 Ing taun kuwi, ing awal pamréntahané Zédékia+ raja Yéhuda, yaiku ing taun kepapat sasi kelima, Nabi Hanania anaké Azur saka Gibéon+ kandha marang aku ing omahé Yéhuwah ing ngarepé para imam lan rakyat, 2 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan Gusti Allahé Israèl: ’Aku bakal mbébaské kowé saka perbudakané raja Babilon.*+ 3 Ing wektu rong taun, barang-barang ing omahé Yéhuwah sing digawa Nébukhadnézar raja Babilon saka panggonan iki menyang Babilon bakal Tak balèkké mréné.’”+ 4 ”’Yékonia+ anaké Yéhoyakim+ raja Yéhuda lan kabèh wong Yéhuda sing ditawan ing Babilon+ ya bakal Tak gawa bali, merga Aku bakal mbébaské wong-wong kuwi saka perbudakané raja Babilon,’* kandhané Yéhuwah.”

5 Terus, Nabi Yérémia ngomong marang Nabi Hanania ing ngarepé para imam lan rakyat sing ngadeg ing omahé Yéhuwah. 6 Nabi Yérémia ngomong, ”Amin.* Muga-muga Yéhuwah nindakké kuwi. Muga-muga Yéhuwah nggawé ramalanmu kuwi bener-bener kelakon, lan barang-barang saka omahé Yéhuwah lan kabèh tawanan digawa bali saka Babilon menyang panggonan iki. 7 Ning, tulung rungokna apa sing bakal tak sampèkké marang kowé lan rakyat. 8 Mbiyèn, para nabi sakdurungé aku lan sakdurungé kowé kerep nyampèkké ramalan soal akèh negara lan kerajaan gedhé, soal perang, bencana, lan wabah penyakit. 9 Nèk ana nabi sing nyampèkké ramalan soal kedamaian lan omongan kuwi kelakon, wong bakal ngerti nèk nabi kuwi pancèn diutus Yéhuwah.”

10 Wektu krungu kuwi, Nabi Hanania njupuk kayu sing dipasang ing guluné Yérémia, terus nugel kayu kuwi.+ 11 Bar kuwi, Hanania ngomong ing ngarepé rakyat, ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Ya kaya ngéné iki, ing wektu rong taun, Aku bakal mbébaské kabèh bangsa saka perbudakané Nébukhadnézar raja Babilon.’”*+ Terus, Nabi Yérémia lunga saka kono.

12 Sakwisé Nabi Hanania nugel kayu sing dipasang ing guluné Yérémia, Yéhuwah kandha marang Yérémia, 13 ”Ngomonga marang Hanania, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kowé nugel kayu sing dipasang ing gulu,+ ning kayu kuwi bakal diganti nganggo wesi.” 14 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Aku bakal nggawé kabèh bangsa iki dadi budhak* lan nglayani Nébukhadnézar raja Babilon. Wong-wong kuwi kudu nglayani dhèwèké.+ Malah, kéwan liar ing padhang bakal Tak wènèhké marang dhèwèké.”’”+

15 Nabi Yérémia kandha marang Nabi Hanania,+ ”Hé Hanania, tulung rungokna. Yéhuwah ora ngutus kowé, ning kowé nggawé rakyat iki percaya omonganmu sing ngapusi.+ 16 Mula iki sing diomongké Yéhuwah, ’Aku bakal nyingkirké kowé saka bumi. Taun iki, kowé bakal mati merga kowé ngejak rakyat bèn padha mbrontak nglawan Yéhuwah.’”+

17 Mula ing sasi kepitu taun kuwi, Nabi Hanania mati.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim