-
2 Para Raja 9:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Terus, Yéhu njupuk panahé lan manah gegeré Yéhoram. Panahé nembus jantungé Yéhoram, terus Yéhoram mati ing krétané.
-
-
2 Para Raja 10:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Terus, Yéhu nulis surat sing keloro. Isiné: ”Nèk kowé mihak aku lan gelem manut karo aku, sésuk ing wektu kaya ngéné iki, gawanen sirahé anak-anaké majikanmu marang aku ing Yizréèl.”
Wektu kuwi, 70 anaké raja ana bareng karo wong-wong penting ing kutha kuwi, yaiku wong-wong sing nggedhèkké anak-anaké raja. 7 Sakwisé surat kuwi ditampa, wong-wong kuwi langsung nyekel lan matèni 70 anaké+ raja, terus sirahé didèlèhké ing kranjang-kranjang lan dikirim marang Yéhu ing Yizréèl.
-
-
2 Para Raja 10:23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Terus, Yéhu lan Yéhonadab+ anaké Rékhab mlebu menyang kuil Baal. Yéhu kandha marang para penyembahé Baal, ”Tlitinen tenanan lan pastèkna ora ana penyembahé Yéhuwah ing kéné, mung penyembahé Baal.”
-
-
2 Para Raja 10:25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Sakwisé rampung mènèhké korban bakaran, Yéhu kandha marang para penjaga lan para ajudan, ”Mlebua lan patènana wong-wong kuwi! Aja nganti ana sing lolos!”+ Mula, para penjaga lan para ajudan matèni wong-wong kuwi nganggo pedhang, terus wong-wong kuwi diuncalké ing njaba. Para penjaga lan para ajudan kuwi mlebu nganti tekan ruang suci* ing bagéan njero kuil Baal.
-