PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 2:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Bar kuwi, Èlisa nyabet banyu nganggo jubahé Èlia karo kandha, ”Ing endi Yéhuwah Gusti Allahé Èlia?” Pas Èlisa nyabet banyu kuwi, banyuné mbelah dadi loro, terus Èlisa nyabrang.+

  • 2 Para Raja 2:20, 21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Bar kuwi, Èlisa kandha, ”Jupukna aku mangkok cilik sing isih anyar lan isènana uyah.” Terus, wong-wong kuwi nindakké kuwi. 21 Bar kuwi, Èlisa lunga menyang mata air ing kutha kuwi lan nguncalké uyah ing kono.+ Èlisa kandha, ”Iki kandhané Yéhuwah, ’Banyu iki wis Tak gawé murni. Mula, banyu iki ora bakal nyebabké mati utawa nggawé ora subur.’”*

  • 2 Para Raja 3:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 merga Yéhuwah kandha, ”Ora bakal ana angin utawa udan, ning lembah iki bakal kebak banyu.+ Kowé, ternakmu, lan kéwan-kéwanmu sing liyané bakal ngombé saka kono.”’

  • 2 Para Raja 4:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Bar kuwi, kowé karo anak-anakmu kudu mlebu ing omah lan nutup lawang. Isènana wadhah-wadhah kuwi nganggo minyak, lan dhèwèkna wadhah sing wis kebak.”

  • 2 Para Raja 4:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Mula, wong wédok kuwi lunga ngandhani abdiné Gusti Allah sing bener, terus abdiné Gusti Allah kuwi kandha, ”Edolen minyak kuwi, lan bayaren utangmu. Sisané isa mbok enggo urip karo anak-anakmu.”

  • 2 Para Raja 6:5-7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Pas salah siji saka wong-wong kuwi lagi negor wit, kepala kapaké kecemplung ing banyu, lan dhèwèké mbengok, ”Adhuh! Kuwi kapak silihan!” 6 Abdiné Gusti Allah sing bener takon, ”Kecemplungé ing endi?” Wong kuwi nduduhi panggonané. Terus, Èlisa ngethok kayu lan nguncalké kuwi ing kono. Bar kuwi, kepala kapaké ngambang. 7 Èlisa kandha, ”Jupuken.” Mula wong kuwi njupuk kepala kapak kuwi.

  • 2 Para Raja 7:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Èlisa saiki kandha, ”Rungokna omongané Yéhuwah. Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Sésuk kira-kira ing wektu kaya ngéné iki, ing gerbang* Samaria, sak séa* tepung alus regané bakal dadi sak syèkel,* lan rong séa barli regané bakal dadi sak syèkel.’”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim