-
Pangentasan 15:23-25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Akhiré wong-wong kuwi tekan ing Marah,*+ tapi wong-wong kuwi ora isa ngombé banyu ing Marah merga rasané pait. Kuwi sebabé panggonan kuwi dijenengi Marah. 24 Mula, wong-wong kuwi sambat karo Musa,+ ”Awaké dhéwé arep ngombé apa?” 25 Musa njaluk tulung marang Yéhuwah,+ lan Yéhuwah nduduhi Musa wit sing cilik. Wektu Musa nguncalké wit kuwi ing banyu, banyuné dadi legi.
Ing kana, Gusti Allah mènèhi wong-wong kuwi hukum lan dhasar kanggo ngadili wong-wong kuwi. Gusti Allah péngin ngerti wong-wong kuwi manut apa ora.+
-
-
2 Para Raja 4:38-41Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
38 Pas Èlisa bali menyang Gilgal, ing kono lagi ana kelaparan.+ Para keturunané nabi+ lungguh ing ngarepé, lan Èlisa kandha marang pelayané,+ ”Kowé kudu masak sop ing panci gedhé kanggo para keturunané nabi.” 39 Terus, salah siji saka wong-wong kuwi lunga menyang ladhang kanggo methik sayuran. Dhèwèké methik labu saka tanduran liar, terus diwadhahi nganggo jubahé nganti kebak. Bar kuwi dhèwèké bali lan ngiris-iris labu kuwi terus dilebokké panci, ning ora ngerti kuwi apa. 40 Terus, sop mau disiapké kanggo dipangan, ning ora let suwé pas padha mangan sop mau, wong-wong kuwi kandha, ”Abdiné Gusti Allah sing bener, ana racun* ing panci iki.” Wong-wong kuwi dadi ora mangan kuwi manèh. 41 Mula Èlisa kandha, ”Jupukna tepung.” Sakwisé nyemplungké tepung kuwi ing njero panci, dhèwèké kandha, ”Siapna kuwi kanggo dipangan wong-wong.” Ora ana sing marahi bahaya manèh ing panci kuwi.+
-