-
Pangentasan 15:23-25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Akhiré wong-wong kuwi tekan ing Marah,*+ tapi wong-wong kuwi ora isa ngombé banyu ing Marah merga rasané pait. Kuwi sebabé panggonan kuwi dijenengi Marah. 24 Mula, wong-wong kuwi sambat karo Musa,+ ”Awaké dhéwé arep ngombé apa?” 25 Musa njaluk tulung marang Yéhuwah,+ lan Yéhuwah nduduhi Musa wit sing cilik. Wektu Musa nguncalké wit kuwi ing banyu, banyuné dadi legi.
Ing kana, Gusti Allah mènèhi wong-wong kuwi hukum lan dhasar kanggo ngadili wong-wong kuwi. Gusti Allah péngin ngerti wong-wong kuwi manut apa ora.+
-
-
2 Para Raja 2:19-21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Terus, wong-wong ing kutha kuwi kandha marang Èlisa, ”Njenengan isa ndelok dhéwé nèk kutha iki lokasiné apik,+ ning banyuné èlèk lan lemahé ora subur.”* 20 Bar kuwi, Èlisa kandha, ”Jupukna aku mangkok cilik sing isih anyar lan isènana uyah.” Terus, wong-wong kuwi nindakké kuwi. 21 Bar kuwi, Èlisa lunga menyang mata air ing kutha kuwi lan nguncalké uyah ing kono.+ Èlisa kandha, ”Iki kandhané Yéhuwah, ’Banyu iki wis Tak gawé murni. Mula, banyu iki ora bakal nyebabké mati utawa nggawé ora subur.’”*
-