PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 20:3-5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Mung Aku dhéwé sing kudu mbok sembah. Aja nyembah allah-allah liyané.+

      4 ”Aja nggawé patung utawa liyané sing bentuké mirip karo apa waé sing ana ing langit, ing bumi, utawa ing njero banyu.+ 5 Aja sujud lan aja nyembah kabèh kuwi,+ merga Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, péngin kowé mung nyembah Aku.+ Aku bakal ngukum wong-wong sing sengit karo Aku. Anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané.

  • Kaimaman 26:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 ”’Aja nggawé allah-allah sing ora ana gunané.+ Aja nggawé patung+ pahatan utawa tugu suci,* lan aja ndèlèhké watu pahatan+ ing negaramu kanggo disembah.+ Aku iki Yéhuwah Gusti Allahmu.

  • Pangandharing Torèt 4:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Aja nganti kowé lali karo perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu sing digawé karo kowé,+ lan aja nggawé patung sing bentuké kaya apa waé, merga kuwi kabèh dilarang karo Yéhuwah Gusti Allahmu.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim