-
Yésaya 37:8-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Sakwisé Rabsyaké krungu nèk raja Asiria narik pasukané saka Lakhis, Rabsyaké bali nemoni raja Asiria. Wektu kuwi, raja Asiria lagi perang nglawan Libna.+ 9 Raja Asiria krungu nèk Raja Tirhaka saka Étiopia arep nyerang dhèwèké. Mula, dhèwèké ngongkon utusané nemoni Hizkia.+ Dhèwèké ngomong ngéné, 10 ”Kowé kudu ngomong ngéné karo Hizkia raja Yéhuda, ’Aja gelem diapusi Gusti Allahmu sing mbok endelké sing kandha, ”Yérusalèm ora bakal dikuwasani raja Asiria.”+ 11 Kowé wis krungu nèk kabèh negara wis diremuk+ raja-raja Asiria. Apa mbok kira kowé ora bakal dipatèni? 12 Apa allah-allah sing disembah bangsa-bangsa sing wis diremuk nènèk moyangku isa nylametké bangsa-bangsa kuwi?+ Gozan, Haran,+ Rèzèf, lan wong Èden sing mbiyèn manggon ing Tèl-asar wis ora ana manèh, ta? 13 Raja Hamat, raja Arpad, lan raja saka kutha-kutha ing Séfarwaim,+ Héna, lan Iwa ya wis ora ana manèh, ta?’”
-