PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yosua 10:29, 30
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 Terus, Yosua lan kabèh prajurit Israèl mangkat saka Makéda menyang Libna lan nyerang Libna.+ 30 Yéhuwah ya nyerahké kutha kuwi lan rajané+ marang wong Israèl. Wong Israèl ngremuk kutha Libna lan matèni wong-wong ing kono nganggo pedhang nganti ora ana sing slamet. Wong Israèl matèni raja Libna kaya matèni raja Yérikho.+

  • 2 Para Raja 8:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Ning, Édom terus mbrontak nglawan Yéhuda nganti saiki. Wektu kuwi, Libna+ ya mbrontak.

  • 2 Para Raja 19:8-13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Sakwisé Rabsyaké krungu nèk raja Asiria narik pasukané saka Lakhis,+ Rabsyaké bali nemoni raja Asiria. Wektu kuwi, raja Asiria lagi perang nglawan Libna.+ 9 Raja Asiria krungu nèk Raja Tirhaka saka Étiopia arep nyerang dhèwèké. Mula, dhèwèké ngongkon utusané+ nemoni Hizkia. Dhèwèké ngomong ngéné, 10 ”Kowé kudu ngomong ngéné karo Hizkia raja Yéhuda, ’Aja gelem diapusi Gusti Allahmu sing mbok endelké sing kandha, ”Yérusalèm ora bakal dikuwasani raja Asiria.”+ 11 Kowé wis krungu nèk kabèh negara wis diremuk raja-raja Asiria.+ Apa mbok kira kowé ora bakal dipatèni? 12 Apa allah-allah sing disembah bangsa-bangsa sing wis diremuk nènèk moyangku isa nylametké bangsa-bangsa kuwi? Gozan, Haran,+ Rèzèf, lan wong Èden sing mbiyèn manggon ing Tèl-asar wis ora ana manèh, ta? 13 Raja Hamat, raja Arpad, lan raja saka kutha-kutha ing Séfarwaim, Héna, lan Iwa ya wis ora ana manèh, ta?’”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim