PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 8:30
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 Rungokna apa sing dijaluk abdi-Mu iki lan umat-Mu Israèl wektu wong-wong kuwi ndonga karo madhep panggonan iki. Muga-muga Njenengan ngrungokké saka panggonan-Mu ing swarga.+ Muga-muga Njenengan ngrungokké lan ngapura.+

  • Yésaya 37:14-20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Hizkia nampa surat-surat saka para utusan mau, terus surat-surat kuwi diwaca. Bar kuwi, Hizkia lunga ing omahé Yéhuwah lan mbukak surat-surat kuwi ing ngarepé Yéhuwah.+ 15 Terus, Hizkia ndonga marang Yéhuwah,+ 16 ”Oh Yéhuwah pemimpiné pasukan,+ Gusti Allahé Israèl, sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub, mung Njenengan Gusti Allah sing bener ing kabèh kerajaan ing bumi. Njenengan sing nggawé langit lan bumi. 17 Oh Yéhuwah, tulung rungokna tenanan.+ Oh Yéhuwah, tulung deloken.+ Rungokna kabèh omongané Sanhèrib sing ngèlèk-èlèk Gusti Allah.*+ 18 Oh Yéhuwah, kabèh negara wis diremuk raja-raja Asiria,+ termasuk negarané dhéwé. 19 Wong-wong kuwi mbakar patung allah-allahé bangsa-bangsa kuwi,+ merga kabèh kuwi dudu allah sing sejati, ning mung gawéané manungsa+ saka kayu lan watu. Kuwi sebabé patung-patung kuwi isa dihancurké raja-raja Asiria. 20 Ning saiki, oh Yéhuwah Gusti Allahku, slametna umat-Mu saka raja Asiria bèn kabèh kerajaan ing bumi ngerti nèk mung Njenengan Gusti Allah sing bener, oh Yéhuwah.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim