-
2 Para Raja 19:14-19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Hizkia nampa surat-surat saka para utusan mau, terus surat-surat kuwi diwaca. Bar kuwi, Hizkia lunga ing omahé Yéhuwah lan mbukak surat-surat kuwi ing ngarepé Yéhuwah.+ 15 Terus Hizkia mulai ndonga+ marang Yéhuwah, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub,+ mung Njenengan Gusti Allah sing bener ing kabèh kerajaan ing bumi.+ Njenengan sing nggawé langit lan bumi. 16 Oh Yéhuwah, tulung rungokna tenanan.+ Oh Yéhuwah, tulung deloken. Rungokna omongané Sanhèrib sing ngèlèk-èlèk Gusti Allah.* 17 Oh Yéhuwah, bangsa-bangsa lan tanahé wis diremuk raja-raja Asiria.+ 18 Wong-wong kuwi mbakar patung allah-allahé bangsa-bangsa kuwi, merga kabèh kuwi dudu allah sing sejati+ ning mung gawéané manungsa+ saka kayu lan watu. Kuwi sebabé patung-patung kuwi isa dihancurké raja-raja Asiria. 19 Ning saiki, oh Yéhuwah Gusti Allahku, tulung slametna umat-Mu saka raja Asiria bèn kabèh kerajaan ing bumi ngerti nèk mung Njenengan Gusti Allah sing bener, oh Yéhuwah.”+
-