-
Yésaya 37:23-25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Kowé nantang+ lan ngécé sapa?
Kowé ngomong bengok-bengok marang sapa?+
Kowé nyombongké awakmu dhéwé marang sapa?
Marang Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci.+
24 Liwat abdimu kowé ngécé Yéhuwah+ lan ngomong,
’Nganggo kréta perangku sing akèh banget,
Aku bakal munggah ing pegunungan sing dhuwur,+
Ing wilayahé Lébanon sing paling plosok.
Aku bakal negori wit-wit arasé sing dhuwur lan wit-wit juniperé sing paling apik.
Aku bakal munggah ing gunungé sing paling dhuwur lan mlebu ing hutané sing rimbun.
25 Aku mesthi bakal nggali sumur-sumur lan ngombé banyuné.
Nganggo tlapak sikilku, kali* ing Mesir bakal tak gawé asat.’
-