PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 15:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Oh Yéhuwah,+ ora ana allah sing kaya Njenengan.

      Ora ana allah sing luwih suci+ saka Njenengan.

      Njenengan pantes dimulyakké nganggo lagu pujian, Njenengan nggawé mukjijat.+

  • 2 Para Raja 19:22-24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Kowé nantang lan ngécé sapa?+

      Kowé ngomong bengok-bengok marang sapa?+

      Kowé nyombongké awakmu dhéwé marang sapa?

      Marang Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci.+

      23 Liwat utusanmu+ kowé ngécé Yéhuwah+ lan ngomong,

      ’Nganggo kréta perangku sing akèh banget,

      Aku bakal munggah ing pegunungan sing dhuwur,

      Ing wilayahé Lébanon sing paling plosok.

      Aku bakal negori wit-wit arasé sing dhuwur lan wit-wit juniperé sing paling apik.

      Aku bakal munggah ing gunungé sing paling adoh lan mlebu ing hutané sing rimbun.

      24 Aku mesthi bakal nggali sumur-sumur lan ngombé banyuné.

      Nganggo tlapak sikilku, kabèh kali* ing Mesir bakal tak gawé asat.’

  • Yésaya 10:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Wektu kuwi, wong Israèl sing isih urip

      Lan keturunané Yakub sing slamet

      Ora bakal ngendelké manèh bangsa sing nyerang wong-wong kuwi.+

      Ning, wong-wong kuwi bakal ngendelké Yéhuwah,

      Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci, lan bakal setya karo Dhèwèké.

  • Yèhèzkièl 39:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Aku bakal nggawé jeneng-Ku sing suci dikenal ing antarané umat-Ku Israèl. Aku ora bakal meneng waé nèk ana sing nggawé najis jeneng-Ku sing suci. Bangsa-bangsa bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah,+ Gusti Allah sing Mahasuci ing Israèl.’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim