PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 23:36, 37
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 36 Pas mréntah dadi raja, Yéhoyakim+ umuré 25 taun lan mréntah 11 taun suwéné ing Yérusalèm.+ Ibuné jenengé Zébida anaké Pédaya saka Ruma. 37 Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah,+ kaya sing ditindakké nènèk moyangé.+

  • Yérémia 24:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 ”’Ning, soal buah ara sing èlèk banget nganti ora isa dipangan,+ iki sing diomongké Yéhuwah: ”Kanggoku, ya kaya ngono kuwi Zédékia+ raja Yéhuda, para pejabaté, wong Yérusalèm sing isih urip ing tanah iki, lan wong-wong sing manggon ing Mesir.+

  • Yérémia 37:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 37 Raja Zédékia+ anaké Yosia mulai mréntah nggantèni Konia*+ anaké Yéhoyakim, merga Nébukhadnézar* raja Babilon ndadèkké Zédékia dadi raja ing Yéhuda.+ 2 Ning Zédékia, para abdiné, lan rakyat ing tanah kuwi ora ngrungokké omongané Yéhuwah sing disampèkké liwat Nabi Yérémia.

  • Yérémia 38:5, 6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Raja Zédékia njawab, ”Terserah kowé waé dhèwèké arep mbok apakké. Aku ora isa ngalang-alangi kowé.”

      6 Mula para pejabat kuwi nangkep Yérémia lan nyemplungké dhèwèké ing sumuré Malkhiya anaké raja, ing Halaman Penjaga.+ Yérémia diedhunké nganggo tali. Ing sumur kuwi ora ana banyuné, anané mung lumpur. Yérémia mulai kleleb ing lumpur mau.

  • Yèhèzkièl 21:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 ”Ning kowé, hé para pemimpin Israèl sing jahat,+ saiki kowé kaya wong sing arep mati. Saiki wis wektuné kowé kabèh dihukum.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim