-
2 Para Raja 24:17-19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Raja Babilon ngangkat Matania pakliké Yéhoyakhin+ bèn dadi raja nggantèni Yéhoyakhin, terus ngganti jenengé Matania dadi Zédékia.+
18 Pas mréntah dadi raja, Zédékia umuré 21 taun lan mréntah suwéné 11 taun ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Hamutal+ anaké Yérémia saka Libna. 19 Zédékia terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Yéhoyakim.+
-