16Terus, Korah+ sekongkol karo Datan, Abiram, lan On. Korah kuwi anaké Izhar,+ anaké Kohat,+ anaké Lèwi.+ Datan lan Abiram kuwi anaké Èliab,+ lan On kuwi anaké Pèlèth. Datan, Abiram, lan On kuwi keturunané Rubèn.+
10 Terus, tanah kuwi mbelah* lan wong-wong kuwi nyemplung ing kono. Nèk Korah, dhèwèké mati bareng karo para pendukungé pas geni ngobong 250 wong kuwi.+ Sing dialami wong-wong kuwi dadi peringatan.+11 Ning anak-anaké lanang Korah ora mati.+
11 Cilaka tenan wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi niru tumindaké Kain+ lan cepet-cepet niru tumindaké Biléam+ sing salah merga péngin nggolèk upah. Wong-wong kuwi disingkirké merga omongané nglawan wong-wong sing nduwé wewenang,+ kaya sing ditindakké Korah.+