-
Purwaning Dumadi 34:30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Mula, Yakub ngomong karo Siméon lan Lèwi,+ ”Kowé wis nggawé aku ngalami masalah sing gedhé. Kowé wis nggawé wong Kanaan lan wong Pèriz sing manggon ing tanah iki dadi sengit karo aku. Jumlahé awaké dhéwé mung sithik. Wong-wong kuwi mesthi bakal ngumpul kanggo nyerang lan matèni aku lan kabèh keluargaku.”
-
-
Mazmur 105:12-15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Wektu Gusti Allah ngomong kuwi, jumlahé wong Israèl isih sithik,+
Sithik banget, lan wong-wong kuwi isih dadi wong asing ing tanah kuwi.+
13 Wong Israèl pindhah-pindhah ing negara sing béda-béda
Lan ing kerajaan sing béda-béda.+
14 Gusti Allah ora meneng waé wektu ana sing arep nindhes wong Israèl.+
Gusti Allah mènèhi préntah marang raja-raja kanggo nglindhungi umaté.+
15 Dhèwèké ngomong, ”Wong-wong sing Tak lantik aja mbok apak-apakké,
Lan nabi-nabi-Ku aja mbok jahati.”+
-