PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 17:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Aku bakal mènèhi kowé lan keturunanmu* tanah sing dadi panggonanmu wektu kowé isih dadi wong asing,+ yaiku kabèh tanah Kanaan. Kuwi bakal dadi duwèkmu lan keturunanmu sakterusé, lan aku bakal dadi Gusti Allahé keturunanmu.”+

  • Purwaning Dumadi 23:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 ”Aku iki wong asing sing manggon bareng kowé kabèh.+ Aku péngin tuku tanah bèn isa tak dadèkké kuburan kanggo bojoku.”

  • 1 Babad 16:19-22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Wektu Gusti Allah ngomong kuwi, jumlahmu isih sithik,

      Sithik banget, lan kowé isih dadi wong asing ing tanah kuwi.+

      20 Wong Israèl pindhah-pindhah ing negara sing béda-béda

      Lan ing kerajaan sing béda-béda.+

      21 Gusti Allah ora meneng waé wektu ana sing arep nindhes wong Israèl.+

      Gusti Allah mènèhi préntah marang raja-raja kanggo nglindhungi umaté.+

      22 Dhèwèké ngomong, ’Wong-wong sing Tak lantik aja mbok apak-apakké,

      Lan nabi-nabi-Ku aja mbok jahati.’+

  • Kisah 7:4, 5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Mula, Abraham lunga saka tanahé wong Khaldéa lan manggon ing Haran. Sakwisé bapaké Abraham mati,+ Gusti Allah ngongkon dhèwèké pindhah saka Haran menyang tanah sing saiki mbok enggoni.+ 5 Gusti Allah ora mènèhi Abraham tanah warisan ing Haran, sak kilan* waé ora. Ning, Gusti Allah janji arep mènèhké tanah iki marang Abraham lan keturunané,*+ senajan wektu kuwi Abraham durung nduwé anak.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim